Kamis, 29 Desember 2016

Nyenengno bucah cilik 😁😁

Bismillahirahmanirahim,, Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami , Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW Poro pemaos ingkang minulyo , ten suargo niku ono gedung namine DARUL FAROH (gedung gembira), suargo niku sae, tapi wonten ingkang langkung sae malih injih meniko ten jero darul faroh, niku tempat hiburane penduduk suwargo, tapi boten sedoyo penduduk suargo saget angsal kesempatan mlebet wonten darul faroh, yakni khusus ,injih meniko ''wong seng iso bungahno / nyeneng-nyeneng no bucah cilik'' , yen ono wong iso nyeneng-nyeneng no bucah cilik oleh kesempatan mlebet darul faroh, Mulane panjenengan yen gadah bucah cilik jenengan seneng2 no ,senajan dudu anak e dhewe ,anak e sopo-sopo lah yen kepethuk bucah cilik di seneng-seneng no , La keno opo bucah cilik iku kok di seneng-seneng no....? => Ngten poro pemoas ..... 1. Bucah cilik iku ora duwe duso , Ati-ati kulo jenengan niku yen karo bucah cilik , wong iku yen wani nyusahno bucah cilik biasane uribpe ra enak , cah cilik iku ora duwe duso la wong gerang iku dusane katah ,,kok malah seng dusane akeh gelakno seng ora duwe duso.. 2. Bucah cilik iku dunagne mandi,mulane kanjeng nabi niku janji ketemu bucah cilik disik i uluk salam , ''Assalamu'alaikum...'' ,trus cah cilik jawab ''Wa'alaikum salam..'' la Balik e salam niku poro pemaos seng larang ragane, Assalamu'alaikum niku kan wong gedhe dungakno cah cilik ,trus cah cilik bales ,lha niki....., Kanjeng nabi niku biasa beto-beto jajan kanggo lare-lare alit,njih tujuane nyenengnolare alit .. -Kadang-kadang niku kulo jenengan sok wani-wani nyeneni cah cilik,,,njih nopo boten....??? Gusti Allah mawon seng damel bucah cilik yen ono cah cilik nakal ora di reken ,bareng kulo jenengan malah nyenen-nyeneni cah cilik, Anane bucah cilik niku nakal asline bucah niku gadah karep tapi dereng keturutan , mengko yen wus keturutan yowes meneng. 3. Bucah cilik iku yen di seneng-seneng no iku besok ben dadi wong seng nyenengno, mergo wong iku koyo sawah yen di tanduri apik sok tukule yo apik,di tanduri elek sok tukule yo elek.... Bucah cilik iku yen di kasar besok dadi wong njih keras,keras nang kiwo tengene, tapi yen cah cilik iku di sayang dadi sumbere kasih sayang nang kiwo tengenne , lawong cah cilik iku yen di basani wae sui-sui yo malih boso ,,njih nopo boten.....? Poro pemos ingkang minulyo , Kulo jenengan niku butuh buah cilik, mergi nopo......? Urib ten dunyo niki gentenan, sakniki wong tuo ngramut anak sekedap malih anak genti ngramut wong tuo , Lalek anak panjenengan sayang niku sok ben yen wayahe ngramut panjenengan metu sayange amergi jenengan nandur sayang, tapi yen jenengan kasar ten anak,sok ben yen wayahe ngramut jenengan njih metu kasare.. La anak kasar nang wong iku GEDHE DUSANE trus dusane anak niku njih DUSANE WONG TUWO , dadose panjenengan ampun bangga rumiyen gadah anak nakal trus ''HAZOW WANI KARO WONG TUWO GEDHE DUSAMU '' lho...dusane anak yo dusane wong tuwo , Amergi APIK ELEK E ANAK NIKU APIK ELEK E WONG TUWO Poro pemaos ingkang minulyo , kulo jenengan niku yen saget : => Cilik di sayang wong tuwo , rondok gedhe di sayang bojo , rondok tuwek di sayang anak ,mengko yen mati di sayang malaikat , (niki progame Gusti Allah) , Ojo kok malah => Cilik di sentak i wong tuwo , rondok gedhe di sentak i bojo , rondok tuwek di sentak i anak , mengko mati di sentak i malaikat ...ech...eh...soro kok ket cilik Poro pemaos , Ora ono seng iso nyeneng no bucah cilik kejobho keluarga bahagia ,keluarga bahagia niku keluarga seng rukun , keluargo iku yen congkrah ora iso nyenengno bucah cilik , biasane niku poro ibu ,(ngapunten) biasane ibu-ibu niku yen duwe gelo kalih seng jaler trus ora wani,niku biasane anak e seng dados sasaran ,nakal sitik kadang di ploro anak e , mulane poro pemaos boten enten seng saget didik anak kejobo keluargo sen

Tidak ada komentar:

ASAL USUL DESA

Nyenengno bucah cilik 😁😁