Selasa, 27 Desember 2016

Pangabekti Wong Tuo Ning Anak

Ora mung anak sing duwe pangabekti karo wong tuo, wong tuo duwe pangabekti karo anak!

Sing wes dilakoni wong tuomu ora mung cukup meteng sangang sasi, trus dilairno cepret… iku nganggo totohan nyowo yo nggerr! ngampet ambegan, ngampet loro karo ngeden ben iso mencelat jabang bayimu….

Ora cukup ngono tok, cilikanmu isone mung nangis embuh ngelih opo kepising angel sing niteni, mangan leren disuapi, ngompol leren dicewoki, ora itung rino ora itung wengi mung iso ngrepoti. Wes pangabektine wong tuo supoyo iku kabeh dituruti…ono klerune wong tuo ijeh bok uyohi…

Gede sitik, wayah sekolah ora itung wayah, ora ngerti wong tuo awake sayah, wes pangabektine wong tuo cukupi kebutuhan sekolah, ono ora cukupe sangu sesuk kowe mung iso gresah!

Bareng wes gede wayahe lamaran trus rabi, trus pamit wong tuo jare pengen urip mandiri, wes pangabektibe wong tuo merestui, senajan kadang ono ora cocok karu pihanmu nanging cukup disimpen jero ati, senajan wong tuo sing ragati..

Opo wes cukup?

Dikiro wong tuo wes ayem nyawang anak2e iso omah2, opo yen lagi padu ora nyandak wong tuo nangani masalah? Pangabektine wongtuo sing kudu nyengkuyung ben ora bubrah…

Urung wong tuo ijeh disambati neh ngajari kowe dadi wong tuo didik anakmu. Momong anakmu, ngopeni anakmu..?

Eling… sejatine, wong tuomu iku saben donga mesti nyangking jenengmu supoyo uripmu mulyo… opo sing wes bok lakoni saiki wes cukup kanggo nyaur pangabektine wong tuomu?

ASAL USUL DESA

Nyenengno bucah cilik 😁😁