Nek nurut aku lan seko pandelokku/pandanganku, wis do lali karo adat ketimuran..., koyo kacang lali karo lanjarane, ning yo ra kabeh...
Dadi wong saiki kui pengin ketok modern ning salah dalan, ben ketok modern karo wong tuo ra ono hormate, ra ono unggah-ungguhe koyo wong njowo, contoh kecil, saiki jarang banget aku nemokne wong sik wis mengaku modern nek liwat nang ngarepane wong tuo trus ngomong "nDerek langkung" (ning yo ra kabeh ngono kui).
Jaman nom-nomanku, nek pacaran, dolan nanggone wong wedok, nek wis jam 9 mbengi ki yo wis gerah, pengin mulih...(wong wis diluar kewajaran) pesene mbok ku ndisik ngunu kui, lha ning nek cah saiki... waduh..., lha koq nganti nginep barang, jare ben diarani modern, ning modern salah dalan kui...
Karepe arep niru nggon pilm2 sik nganggo boso londo kae, lha ning adat, papan panggonan lan budayane kih bedo, yo ra iso di gebyah uyah ngono kui kok yo...!!
kui saiki sik nongol nang pamikiranku, mengko nek ono meneh yo tak tulis meneh
sekali lagi kui pandangan lan pemikiranku berdasar seko kahanan yang saya lihat.....
suwun
Terima kasih kepada Anda yang telah menjadi pembaca setia yang membuat saya terus bersemangat untuk memberikan yang terbaik dalam blog ini.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
ASAL USUL DESA
-
OPO bener wong Jawa iku ono sing ilang Jawane? Ilang Jawane tegese ilang sifat-sifat lan kepribadian kejawanane. Yen wis ilang Jawane koy...
-
Ora mung anak sing duwe pangabekti karo wong tuo, wong tuo duwe pangabekti karo anak! Sing wes dilakoni wong tuomu ora mung cukup meteng...
-
Ono ing pamulangan, bocah-bocah saliyane diwulang kawruh liyo liyo becike iyo diperdi bab tata krama . Upamane nalika teko mlebu sekolah ...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar